Tahun Baru 2012 dan Resolusi Gentho


Taun baru semangat baru, sing kulino ngowoh yo sing semangat sinau mingkem.

Taun baru semangat baru, sing biasane mung ngandelke traktiran, yo saiki sekali2 mbayar dewe nyuk! :))  


Taun baru semangat baru. Sing naksir uwong & biasane mung wani nyimak TL e, yo saiki diwaneni nyopo no. Tur nek diatosi yo kui rejekimu :))

Taun baru semangat baru. Sing biasane ngising ra cawik, asui yo mulai saiki cawik nyuk!!! Ra ketang nganggo kreweng :))

Taun baru semangat baru. Sing rung entuk jodo, wah angel iki cenan, lha piye yo? Lha raimu ki cen pas-pasan je :)) No komen iki aku :))


Taun baru semangat baru. Sing ra tau adus, yo sinau adus tho. Ben mari kebiasaanmu le kukur2 silit :))  

Taun baru semangat baru. Sing biasane ngising sak nggon2, please deh thooo mbok yo ajar ngising neng wc

Taun baru semangat baru. Sing biasane mecucu nek mention e durung tak ritwit, sabaaar. Orang sabar cangkemme jembar :D  


Taun baru semangat baru. Sing bar dipegat rasah sedih terus. Golek meneh to yo, koyo menungso ki mung mantanmu kui tok.

foto: google


5 comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...