Fenomena Foto dan Berfoto

Halo tho piye kabarmu? mugo2 waras kabeh. Mau bengi aku ngetwit bab fenomena foto & berfoto menurut jempolku dewe. Nah, sing mau bengi durung moco atau sing wes moco tapi pengen tandhuk, iki tak klumpukne neng kene ben kepenak. Nyoooh monggo disikat...

Foto ping 10 luwih, akhire sing dinggo mung 1 & sisane dibusak kabeh. Iki jelas tipe uwong sing perfeksionis.

Foto pisan, elek po apik langsung dipajang. Nek sing iki tipe percaya diri.

Foto, njuk dibusak. Foto meneh, njuk dibusak meneh, ngono terus akhire nganti malah rasido nduwe foto. Yo ngene iki tipe wong galau.

Foto nganggo pose sing ora2, manyun, mecucu, utowo dimrongos-mrongoske. Iki jelas tipe uwong sing ora mekso.  

Foto neng panggon sing ora2, kamar mandi, ngadep cermin, kuburan, dll. Iki jelas tipe petualang, tapi sing ketlingsut.  

Foto anggota tubuh tertentu, tanpa rai. Njuk di upload. Mbuh iki karepe kepiye, mungkin cita-citane dadi guru biologi, anatomi tubuh.

Saben lg mangan opo wae, difoto njuk didadekne foto profile. Wah nek iki ketoke tipe twit sing bakal nyindir wong akeh :))

Foto kelek, njuk diupload. Wah iki jelas tipe uwong sing ra paham, bahwa barang sing difoto ki ambune ra katut thooooo. Percumah.

Foto karo pacare, terus nek wes pegat raine pacare neng foto kui diganti gambar munyuk. Ha iki jelas tipe penyayang binatang.

Dumeh foto karo artis njuk raine dimanis-maniske, bar kui fotone dipamer-pamerke. Biasa wae, sing mbois ki tetep artis e, dudu koe tho.

Foto neng mobil, njuk fotone dijupuk dengan pose sing ngono kae lah. Iki mboseni tho, pasaran, mbok yo neng andong po becak ngono lho.

Foto nganggo toga. Wah... ah. Males mbahas ...

Begitulah kurang lebih tho, mugo2 bar moco iki njuk nek koe arep foto dadi kelingan aku terus hahahahaha preeek. Ok sekian dulu, dadi opo onone kui luwih apik mbangane dianak-anakke.
Salam.

5 comments:

  1. hahahah aku seneng le nyindir foto nang mobil

    ReplyDelete
  2. foto nganggo toga ra dibahas wong koe ra melu wisuda kok tho wkwkwkwkwkwkw
    lulusmu diundur :D

    ReplyDelete
  3. nek kowe termasuk sek tipe endi tho?

    ReplyDelete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...