Galau Gentho (seri 7)

Esemmu cen manis, sayange untumu gigis.

Cintamu seminim rok para cheerleader.

Ibarat ngoyak copet, ha mbok tekan ngendi wae parane cintamu tetep bakal tak bledig nganti kecekel. *seeer

Wajahmu pancen berseri-seri, sayange irungmu imitasi.  

Bapakmu mesti atlit badminton, ketoro raimu koyo personil smash. *eh  

Nek pacar ibarat penyakit, wah koe mesti do ra pengen cepet mari. Ha tapi jenenge wae penyakit, tetep wae ora apik dinggo kesehatan tho. 

Susumu pancen gede, sayange gede sebelah. *hus!ngawurwae!  

Nduwe pacar ki ibarat kredit motor. Nek duitmu lancar yo dee tetep neng tanganmu, tp nek duitmu seret yo iso2 dee disita pihak lain.

Nunggu pengumuman kelulusan ki ibarat nembak lawan jenis tapi ora langsung dijawab. Le gelisah ngalah-ngalahi wong ngampet ngising.

Tresnamu mung setipis androk.

Cintamu serapet kebaya, susah ditembus.

Kalau saja cintamu ibarat silit, mesti wes tak plotrokne kathok e ben cepet kecekel.

Nek cinta ibarat kirik, mesti kepenak. Gari digetak, mesti awak dewe sing dioyak-oyak.

Pacaran ki koyo bal-balan kui lho, tinggal nunggu tondo kapan kudu dirampungi. Mulakno mending dadi pemain cadangan wae. Ora begitu menggeh2

Koe pancen tak idam-idamkan, sayange saiki bodimu trepes koyo garisan.

Sambil menyelam minum air: ngapeli pacar sekaligus mbiribk adine.
Sambil menyelam minum comberan: ngapeli pacar sekaligus dionek-onekke karo bapakne.  

Nek cinta ibarat sambel bawang, repot. Pas dilakoni anane mung pedes karo pedes, & nek kakehan bukane marai seneng tapi malah marai mencret. 

Cah wedok stres nek dionekke "awakmu lemu", cah lanang stres nek dionekke "cuma segitu?" *pikirendewe

Nek milih pacar iso koyo milih duku, ha mesti dapuranmu do seneng. Wong oleh ndemek2 sek, diambu, icip2, nek kiro2 ra cocok yo rasido.

Pacaran ki ibarat bal-balan, koe kudu pinter nyekel bal ben ora direbut wong liyo. Bal sing ndi & sing kepiye, ha kui pikiren dewe.

Nek olah raga sing paling murah kan jarene mlayu2, ha ojo2 sing dimaksud sekolah murah ki maksudte njuk le sinau kon karo playon? wae.

Ibarat buku, milih pasangan kui ojo mung didelok seko kandel tipise, krn kandel tipis kui ora menentukan isine, kecuali nek arep tok kilokne

Nek milih pacar iso koyo milih buku, wah yo enak. Iso dibuka-buka & diolak-alik disik sakdurunge dipilih.

Koe cen pujaan & idamanku, sayange nek tak mat-matke raimu koyo samak buku.

image: google 

1 comment:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...