Obrolan Gagal (seri 6)

Mas, aku mau disamul lanangan | ndi wonge tak paranane! | rasah mas, aku wes njaluk pin e kok, ben gampang nek pgn disamul meneh | wo

Jo, aku nek ngobrol karo pacarmu ki dadi kelingan lemari klambi je | heh? kok iso Tho? | lha abab e pacarmu mambu kapur barus | tho

Pacarku jare kon nggawakne kembang, mbasan tak gawakne kok aku malah dipegat Tho | lha sing tok gowo ki karangan bunga je, pekok koe | wooo

Mas, terke neng kamar mandi | wedhi po dik? | ora, aku pengen memastikan sakjane raimu karo kloset ki ganteng ndi | woh kewanen!

Mas aku horni | waduh iki neng tempat umum je dik, ra pareng ah | aku horni megat koe kok, goro2 weruh mas2 mejo sebelah luwih ganteng | woh

Aku ki ra tau iso malem minggon je Tho | we lha ngopo Jo? | lha malem minggune kpn lak aku ra tau paham, wong aku buta huruf | wah Jo

Tho, boso inggrise kangen opo? | miss | nek kangen banget pol mentok menggebu-gebu, boso inggrise opo? | missuh-missuh | Tho -_-

Neng toko buku yo mas | arep golek buku opo? | buku opo wae lah, sing penting kandel, tak nggo nyampluk raimu nek lirak-lirik liyane | woh

Aku mau nggawakne kembang dinggo pacar, eee lha kok aku malah dikaplok | lha koe yo pekok Jo, ndi ono wong gelem digawakne kembang es | wooo

Jo, bapakne pacarmu juragan roti po? | lha ngopo je Tho? | lha kok raine pacarmu kebak meses | kui jerawat Tho -_- | wo yo sori Jo :D

Dik, kita putus! | serius mas? | iyo! | ok! yo gek ndang wudo! | loh? | ha kabeh sing tok nggo kui lak sing nukokne aku, copot!!! | wah -_-

Perasaanku ra enak e mas | wes dik, rasah mikir macem2 | tetep kepikiran je | lha piye to? | lha perasaanku ra enak nek nyawang raimu | woh!

Jo, pacarmu ki ojo kon kebiasaan mbonceng nyamping nek motoran karo koe | lha ngopo je Tho? | ndak knalpote gede sebelah Jo | Tho -_-

Kita putus mas | hah? lha ngopo dik? | sbg pasangan, dewe wes ora saling cocok | kok iso? | soale koe luwih cocok dadi babuku | dik

image: google

8 comments:

  1. jingukkkk. . rame ki.jempol wes tho nggo koe

    ReplyDelete
  2. kebranian(kewanen) tenan kw tho...

    ReplyDelete
  3. jojo pengalaman pribadi kabeh kui..? :D
    jo nganti yo tho..

    ReplyDelete
  4. wahhh ngakakkk pokokmen wakakakakak....

    ReplyDelete
  5. teloo...gek uteke oleh kata2 kongene seko ngendi iki........hahaha

    ReplyDelete
  6. hahaha nuwun yo kabeh sing wes komen

    ReplyDelete
  7. asui aku ngakak sek meses jerawat kui . sek gawe iki pancen jangkrik wkwkkw

    ReplyDelete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...