Pegat Wae (seri 2)

Nek pacarmu ngomong, "demi kamu gunung akan kudaki, lembah akan kulewati." Wes jelas pacarmu titisane ninja hatori.

Nek pacarmu kakehan alesan, kui mesti titisane pemerintah.  

Skripsi ki ragate larang, tur iseh luweh larang ragate ngopeni pacar. Makane

Wes ngerti hawane sumuk lha kok malah ngingu pacar. Kui mung bakal marai utekmu tambah panas. Wes  

nek pacarmu janji jam 7 tp tekone jam 10 tanpa alesan sing jelas. Kui mesti bakat dadi koruptor. 

nek pacarmu dino iki nganggo kebaya tp le sanggulan neng ngarep. Kui mesti rodo owah tho.

Nek ono opo2 neng omah, sing nomer siji nulungi ki biasane tonggo tho, dudu pacarmu. Makane

Wahai kaum wanita, pacarmu nek misale bar ndelok Jupe njuk langsung ndelokne koe. Kui mesti maksudte ngece mergo "mbandingke".

pacarmu nek koe ditelpon konco sejenis tapi dicemburui. Kui jelas2 pelecehan tho!

nek pacarmu boros sabun. Kui jelas pelecehan, pacarmu luwih percoyo karo sabun mbangane karo koe. *eh

pacarmu nek de'e marai koe dadi lali karo konco.

Dengan berkedok malem minggu, dino iki pacar iso dadi ancaman serius dinggo keselamatan isi dompetmu tho, waspadalah. lah.

"Kita batal malming, aku tiba2 diajak pergi sama keluarga nih". Kui artine pacarmu dijak lungo karo selingkuhane sekeluarga. tho.

Nek koe dolan karo pacarmu njuk tanganmu digandeng, kui ki dudu kasih sayang, kui ki mung trik ben koe gelem mbayari mangan!

Nek pacarmu cinta karo koe pada pandangan pertama. Brarti pas pertama ketemu koe de'e sibuk nyawang bodimu, intine napsuan kui.

Nek pacarmu tiba2 sms "wes mbayar SPP durung mas?". Rasah GR sik, kui ki bukane koe arep dibayari, tp malah koe sing kon mbayari.  

Ketika pacarmu lebih menyayangi kucingnya, mesti ketok kok seko prilakune, panggilan sayangmu tiba2 diganti pus.

image: google

4 comments:

  1. artikelmu marai loro weteng je tho..hahaha..ditunggu sik luwih edan yo.. :)

    ReplyDelete
  2. gentho opo pelawak e?

    ReplyDelete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...