Quote Gentho (seri 9)


Dadi uwong ki ojo sok jual mahal. Soale, biasane sing mahal2 ngono kui engko endinge mung diobral, di cuci gudang mergo ra payu2.

Nek ra seneng, yo ojo moco. Nek sengit, yo ojo follow. Gampang to? Mbangane mung riwil tp jane ngarep tak ritiwit ben iso nunut kondang.

Kaum pacaran ki mung iso nggaya nek pas iseh pacaran. Nek wes dipegat yo mung iso meneng, ndepis, melas, mimbik2 dan mengobral curhatan.

Nek koe rumongso mrongos, PD wae. Minimal kan koe selangkah lebih maju dibanding liyane.

Ojo kesusu menyimpulkan segala sesuatu sakdurunge koe sinau simpul2 Pramuka. *omongopoh

Pasangan sing gawene putus nyambung ki mesti ra paham bahwa neng ndonya iki ki menungso liyane iseh akeh.

Sing bar pegatan rasah sedih, iki justru awal sing apik dinggo golek sing luwih joss. Ngono lho cara berpikir e, ben ra nglokro

Ket mbiyen sing jenenge habis manis ki sepah dibuang. Makane nek koe rumongso wes pait yo siap2 wae dipegat, yo minimal diselingkuhi lah.

Nek pacarmu nggo karet behel warna abang, kui jelas bahwa koe ra entuk nyipok. Nek ijo, brarti oleh. Nek kuning, oleh tp alon2 wae.

Kriwikan dadi grojokan: masalah cilik tapi digedek-gedekne. Contone: cah wedok pasang silikon. *eh

Sejatine, pacaran ki tidak lebih hanya sebuah permainan. Sing menang brarti sing megat, ha nek sing dipegat ki brarti sing kalah. *eh

Pacaran ki jelas mung ajang dolanan pacar. Ra bedo koyo bal-balan, kan dolanan bal. Terus nekeran, brarti kan dolanan neker, dll. Dong ra?

Selamat REBO: ngarep-arep entuk bojo.

"Rumah lagi sepi nih, kesini aja". Nek pacarmu sms ngono, pilihane mung loro: pacarmu napsuan, atau koe dikon resik2 krn lg raono pembantu. 

Selingkuh ki kudu koyo kucing ngising. Golek panggon sing ora gampang ditebak, eksekusi, njuk ditutup-tutupi sing rapi.

Cen bener ketoke kucing nyowone 9, lha si Tom kae ha mbok ndase njeblug, awake gepeng, manuke dibedil, tetep ra mati2 je nganti saiki.  

Pegatan itu tidak mengenal kata terlambat. Maka mulailah dari sekarang, karena pegatan adalah pembelajaran.

Cah saiki ki jan jirih2 tenan. Nek naksir jirih nembung, nek pacaran jirih pegatan!  

Dadi uwong ki sing jujur tho. Nek hasrat selingkuh wes raiso dibendung, yo nembung sing apik2 karo pacarmu, sopo ngerti oleh :D

Dadi uwong ki kudu cinta damai. Pacar & selingkuhan ki ojo tok kenalke & tok temokne blak-blakan tho, mesti perang!  

Wahai kaum wanita, koe kudu ati2 nek pacarmu ngelus2 gegermu. Kui mung gayane wae menenangkan, padal asline ngapalne posisi kancing BHmu *eh

4 comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...