Tips Gentho

Nek koe wedi galau mergo lawan jenis, atimu di stempel wae "pecah berarti membeli".

Sing marai kuliah ra lulus2 kui salah sijine mergo ngingu & ngurusi pacar, makane pegat wae, ben fokus.

Ojo marani bribikanmu pas lagi udan, kurang bejane koe mung kon menek genteng mbenakke sing bocor!  

Marani bribikan paling cocok pas lg bokek, iso nunut madang. Gratis, ngirit pengeluaran.  

Ojo mbribik lewat sms, coro lawas kui & koe merugi. Njaluk ditelpon no, koe ora metu biaya & luwih penak iso omong2an.  

Ojo sekali2 ngisekne pulsa bribikanmu, kui bahaya! Krn sekali koe ngisekne, selanjutnya bribikanmu bakal ketagihan. Ciloko koe

Rasah sok gaya ngenehi bingkisan2 nggo bribikanmu! Yo nek koe ditompo, ha nek ditolak? Mung gelo koe, sing cerdas ngono lho ah.

Ojo ngingu pacar nek koe durung siap loro ati.

Rasah sok misterius neng ngarepe lawan jenis. Ngono kui ora marai terpesona tur malah marai gilo! Bloko wae rasah sok idih!

Ngerok wulu kelek nganggo sendok.  

ben ra konangan pas koe nginjen wong adus : tahan nafas. Soale begitu koe ambekan, wah mesti ambune ababmu marai keconangan tho! 

Nek hawane sumuk, abab-ababan wae tho karo sebelahmu. Kurang bejane paling koe mung keracunan, nek ra yo semaput.  

Nek kiro2 hawane sumuk, njebol lawang kulkas wae njuk tok nggo angrem kiro2 30 menit.  

Nek koe bar kramas, nyelaho motor njuk lungguh silo cedak knalpot ben rambutmu cepet garing.

Bengi iki copet sing paling bahaya adalah pacarmu sendiri, maka silahkan sembunyikan dompet & bawa duit mepet.  

Nek koe ra tahan karo sesuatu sing nggilani, biasane njuk mules & pengen mutah. Nah, makane koe tak saranke nek ngilo ojo kesuwen, ndak hoek

Nek kiro2 untumu mrongos, yo nek ngguyu ojo ombo2 tho. Engko ndak uwong do salah paham, dikiro koe lagi ngawe-awe.

Nek ono wong gojek njuk koe nesu, wah ketoke koe kudu prikso neng bengkel terdekat. Sopo ngerti radiatormu bocor, makane gampang panas. 

Nek koe rumongso kelekmu mambu, ndaftar dadi petugas medis wae tho. Lumayan iso dinggo nyadarke wong semaput.

Nek koe rumongso kelekmu mambu, ngempito es batu disik sakdurunge lungo2. Dadi pas koe lelungan ki ambu kelekmu wes beku.
 

2 comments:

  1. "Nek koe rumongso kelekmu mambu, ndaftar dadi petugas medis wae tho. Lumayan iso dinggo nyadarke wong semaput."
    » nek malah mati pie jal?

    ReplyDelete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...