Galau Gentho (seri 14)

Cinta ki ibarat untu, iso gigis lan ono sing palsu.

Nek lulus cepet, pas wisuda biasane dinehi kembang. Nek lulus e suwi, yo tetep dinehi kembang, tapi sak pot e!

Bribikan ki kadang ibarat bolu emprit, nek kesuwen dinengke engko bongko, nek le nguntal kesusu marai sereten.

Bapakmu mesti dukun, ketoro kowe nek naksir uwong mesti mung tok batin. *eh

Tampilanmu pancen eksotis, sayange atimu sadis.

SMP: cinta monyet. SMA: cinta pertama. Kuliah: cinta kampus, ra lulus2.

Antara dirinya, dirimu, & dompetmu. Begitulah cinta. *eh

"Rumah sepi nih, kesini dong", ojo GR sek. Iso ugo sing dimaksud sepi ki mejo makane, dadi kowe kon moro nggawakne lawuh.

Wajahmu memang menarik hati, sayange kowe sok ijol2an sikat gigi. hiiii...

Arep mbribik sing ayu, wedhi nek ragate larang. Arep mbribik sing ra pati ayu, wedhi nek bocahe kemayu. Wah jan, kaco!

Cinta ditolak, update status bertindak :))

Nek bribikanmu ora mbales sms mu, mungkin de'e lagi karo pacare. *eh :))

Tiwas semangat ngetik dowo2, eee jebule mung dibales emoticon tok. Hahaha sukuuur!  

Pancen nek rokok kretek karo kopi ki koyo sejoli, koyo aku karo... kowe (baca: ha mbuh sopo).

Ingin hati memeluk gunung, apa daya onone tutup gelas. *hus!!!

Nek aku nduwe warung, aku bakal gawe menu gratis: Oralit.

Neng ngarep ngomong apik, neng mburi ngomonge diwalik.

Nembak ki ra perlu nada dasar, fals ra popo, raono hubungane karo ditompo opo ora.

Aku ra pengen nduwe gandengan, aku pingine rentengan :))

Tak akoni saiki wajahmu tambah ayu dik, setelah di instagram. *kemudianditempeleng  

7 comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...