Quote Gentho (seri 22)

Nek sing jual mahal tiba2 obral marani kowe, ah wes jelas kui mesti mergo ono butuhe.

Nek pacarmu mulai pecuca-pecucu, padune kui ki njaluk mik cucu. *eh

Gayane gengsi, padal jane yo pengen digombali. *auwooo

Sing gampang rasah di ngel-ngel

Nek salto njuk kathoke mlorot, kui lagi wow.

Nek pacarmu omongane ngelantur, kui padune njaluk ditatur. *hus!!!

Dumeh gagal ngejak bribikan, njuk telpon mantan. Waaa ora sonsisten :))

Luwih Penak Jomblo (seri 10)


Sudah, jomblo saja. Supaya semua bribikan dapat terakomodasi dengan baik. Mbangane pacaran tp iseh karo ngarep sing liyane.

LDR ki pancen gampang, lha wong mung modal sinyal. *eh :))

Batik pancen biasane paling kerep dinggo nek pas kondangan, begitu juga pacar. *eh :))

Pacaran kui pilihan, LDR kui kahanan, jomblo kui kesempatan.

Dinggo pacar, tanggal enom royal duit. Tanggal tuo dompet njerit-njerit!

LDR adalah praktek2 penyalahgunaan pacar. Ha wong nduwe kok malah dinggurke. *hus!!! :))

Tips Gentho (seri 4)

Biyasa nek pacaran kok mung gandengan tangan, mbok yo sekali2 do petan.

Nek ujug2 ketemu mantan njuk kowe grogi, ndremimil wae "pait pait pait pait pait", engko lak njuk mlipir dewe.

ketika kencan pertama: ojo nganti ono sing mlotrok! opo meneh nyalimu. Ojo nganti.

Nek mbribik ki ojo kelewatan, golek puteran balik ki kadang sok kangelan. *uhuk

utk malem mingguan dgn bribikan: ajian pengiritan, macak dompetmu ketinggalan.

Nek hobi ngopi, ojo lali diakehi ngombe banyu putih dinggo ngimbangi. *srupuuut

Nek pacarmu manja sing konyol, mending tok ombeni susu botol.

Quote Gentho (seri 21)

Isane mung ngece, ning raiso nggawe. Mental kering tempeee...

Dumeh bribikanmu tok traktir ayam presto terus ki yo ora njuk ateges atine gampang tok lunakke tho.

Nek do ngedit foto profil niat, nek kon ngedit skripsi kicat-kicat.

Ngopo2 kok over akting, rumangsane urip ki padakke casting.

Sejatine, kangen kui adalah napsu yg sedang menyamar. *eh

Nek kendaraan rusak, gampang golek bengkel servisan. Lha nek rusak le kekancan lak kangelan le golek servisan.

Soyo cedak kowe karo bribikan, soyo adoh kowe seko pendadaran. *hakdes

Seksi Kui

nek wani nolak tanpo basa-basi. kakehan basa-basi malah mung sok marai tambah loro ati.

nek nduwe pacar ora kemlinthi, nek pegatan njuk semangat move on golek ganti, nek perlu ora mung siji. *eh

wani, wani ngakoni nek wes konangan ngapusi. Ora kok malah njlimet golek argumentasi. *uhuk

marang wong tuo gemati, ngabdi, lan ngormati.

meskipun nduwe pacar tetep karo konco ora lali. Guyub, seduluran tanpo tendensi.

ora isin tekon nek pancen ra ngerti, mbangane mung terus2an keblasuk ndongkol neng ati.

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...