Galau Gentho (seri 4)

Ra masalah koe ngeboti liyane! Wong aku yo wes oleh sing susune luwih gede mbangane koe. *wooo :))

Ra masalah koe ngeboti liyane! Wong aku yo wes oleh sing luwih dowo mbangane nggonamu. *waaah :))

Nek koe kertu nama, aku bakal dadi dompet e. Ben koe iso nylempit terus neng nggonaku. *yeeer  

Aku pengen dadi banyu panas, ben iso nyairke atimu sing beku. *seeer  

Ayu mu cen raono sing nyaingi, sayange kelekmu mambu kaos kaki.

Bodimu pancen koyo gitar Spanyol, tur sing senare wes do pedot :))

Nggoleki koe ki ibarat nginceng tur nganggo bolongan tali sepatu. Rekoso, kengelan!  

Ibarat kewutahan kuah bakso, atiku panas nyawang koe mlaku karo wong liyo. Mak nyaaasss...

Jaman saiki panas udan raiso diprediksi, persis koyo polah tingkahmu. *gedek2

Ngrungokne omonganmu ki ibarat njabuti wulu kelek, rasane pating clekit.  

Ketemu koe ki rasane nervous & gedandapan. Persis koyo nek pas lagi nonton bokep terus konangan karo Bapak :D  

Aku seneng tok jak dolan, sing marai ra seneng ki mung kudu mbayar dewe-dewe nek wayahe mangan.  

Aku pengen dadi nuklir, ben iso meradiasi atimu. *asshh

Mbribik koe ki ibarat ngoyak walang sangit. Dicekel angel, mbasan kecandak jebule mambu langu.  


Awakmu pancen sexy, lambemu marai birahi, tur sayang kelekmu mambu tai meri.

Loro ati kui ibarat wong loro untu, lorone banget tur raono sing tilik.

foto: google


14 comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...