Quote Gentho (seri 26)



Nek kowe naksir aku mung mergo duit, mending kowe minggat nek perlu rasah nganggo pamit.

Urusan ati ki pancen luwih njlimet mbangane cawet. *eh

Biasa wae, ketemu mantan rasah gedandapan, ndak ngetok-ngetoki nek amatiran :))

Santai to tho, ndonyane ora njuk kiamat mung mergo kowe diunfollow.

Ha yo rasah disawang nek mung marai atimu bimbang.

Dadi cinta kui ora mung urusan kasih sayang tok, ning termasuk urusan sing neng njero kathok. *eh

Jelas luwih mbebayani pacarmu daripada setan. Ha nek setan ki ra mungkin ngingu selingkuhan, padakke kurang gawean.

Ati2 tho, nek yah mene ono sing mak klebat di jendela, kui jelas dudu burung kakak tua. *wesmedenirung? #prek #gojekgentho

Biasane guling sing tok keloni kui cen sok ujug2 malek dadi pocongan, rasah kagetan. Malah lumayan, wong yo kowe kesepian. #gojekgentho

Nek leh mu ditompo iseh mung kiro2, yo rasah kesusu crito2, nek jebul ditolak ndak malah tumpuk undung le gelo.

Atine ditoto ben ora sithik2 gampang tresno. *uhuk

Nek ra iso mlebu mergo kekunci, ha yo gari ngimpi. Lha kan wes jelas to bahwa mimpi adalah kunci. Mulakno nek ra paham rasah kemlinthi. *eh

Setia kui rahasia, dadi nek dipamer-pamerke kui mesti malah mung tipu daya. *wesyeeeh *omongopoh

Dino minggu ki identik karo senter pengecil & kamehameha.

Aku ki ngerti nek kowe sakjane ra ngerti ning mung seolah-olah ngerti.

Pacar sing betah suwe neng kamar mandi perlu diwaspadai, ojo2 selingkuh dengan tangannya sendiri. *hus!!!

Saiki pacaran iso ngguya-ngguyu kowe le, suk nek pegatan yo mung njuk ngetwit sing menye2. *uhuk

Pacar ki cen sok kurang ajar ngono kui, dinehi ati ngrogoh gaji.

Aku ra butuh janji, ning butuh kwitansi! *ehaduh

Percumah dandan keren nek kelek mambu peceren.


 photo HEADERmerchandise_zpsd19ec3ee.jpg

1 comment:

  1. Rodo mesum iki tho artikelmu huahahahaa... Tapi yo tetep mak jleb bianget artikelmu marane ngguyu kepingkal-pingkal. Lanjutkan tho hajar bleh. Hahaahaaaa gombal mukiyo..

    ReplyDelete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...