Quote Gentho (seri 27)

Ha mending ditolak mbangane ditompo ning mung mergo ra penak. *uhuk

Ditolak rasah semelang, wong yo iseh akeh sing atine siap tok nyang. *ehaduh

Ora ono pacar sing pancen bener2 tulus, kabeh mesti tep nduwe karep ra ketang mung pengen dielus-elus. *ihik

Njaluk ngapuro ojo mung ukoro, kudu diniati tenanan seko jroning dodo. *omongopoh

Kadang bribikan malah dadi angel diburu nek kowe terlalu menggebu-gebu.

Mbribik kui dudu balapan, dadi rasah salip-salipan. *uhuk
Mbribik kok malah mung sibuk golek dukungan, rumangsane ajang pencarian bakat.

Isaku ngene, nek kowe pengen sing koyo ngono yo golek o liyo! *auwooo

"Wes jam makan siang lho iki", ha mangan kok nganggo jam, mangan ki yo nganggo ngelih. *eh

Lagi penak2 ngupil nganggo driji njuk diaruh-aruhi, waaa mesti pol le kagol plus isin setengah gengsi :))

Saben weruh cah wedok sing semok, utekke Bejo mesti kelingan iklan jadul TV "Adi ayo kita main bola lagi".

Mbribik ki rasah terlalu di gas. Soale engko nek ngglangsar njuk atimu babak bundas, ora iso ditensoplas. *uhuk

Bejo arep pasang kawat gigi, jarene ben nek pas nyipok ora lepas kendali.

Nah, modal pacaran kui mung siji, iso ngapusi. Dadi wes jelas kaum jomblo kui cenderung luwih jujur.

Sak ayu-ayune cah wedok, nek tangi turu yo tetep wae abab e mambu. *nglindur

Nek mbribik ojo gegabah, soale nek nganti loro ati raiso ditukar tambah. *auwooo

Nek pacar wes ra perhatian, dolano neng stasiun. Neng kono kowe bakal oleh ijole. "Perhatian2, kereta api siap dibrangkatkan".

"Diam adalah emas", jargon kui ki ketoke kurang lengkap, ha emas ki yo tep ono sing imitasi je. *auwooo

8 comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...