Quote Gentho (seri 28)

Sejatine ijasah kui ora marai wareg. Dadi pacar kui ora kudu sarjana, sing penting lak tanggung jawab. Paham?

"Sing penting atine dudu raine", iki slogan sing mbingungke. Ha nek lg kenal arep ngerti atine seko ngendi? Seko njero klambi? *eh

Diduakan ki kepiye? Di blab ngono maksudte

Sedia cadangan kandidat sebelum pegat kui ibarat lg mendung ning wes nganggo payung.

Nek kowe wes nduwe pacar & wegah dibajul, pasang tulisan wae neng bathuk "selain petugas dilarang masuk".

Mbribik kui dudu pertandingan, dadi ditompo opo ditolak kui dudu urusan kalah menang.

Lha nek mbribik kui tok anggep pertandingan, ha teneh brarti pacar kui piala bergilir? Ngawur wae :))

Mbribik jg ora koyo adu ketangkasan, ora koyo cerdas cermat sing sekedar epet2an njawab pertanyaan rebutan.

Ha nek motoran we ra tau waspada ngematke spion kok, pantes wae ditikung! *uhuk
 
Aku tau, dibalik riang tawamu, tersimpan gadul yang semakin mambu. *eh

Kowe ki karo pitik jago we kalah kendel, ha pitik jago ki waton tubrak tubruk we babone mesti kecekel. *eh

Sejatine tresnane pacarmu ki ora luwih jero tinimbang wudelmu. *eh

Cen wes do kelangan ukuran, mbuh ganteng opo ayu ki saiki dionekke lucu -_-

Lagak e sok jagoan, ning nek dipegat njuk nangis karo nyokoti bantal.

Cinta itu dari mata turun ke hati... lalu turun ke bawah & bawahnya lagi. *eh

Kopi kui luwih ditresnani. Simpel wae buktine, bendino ngopi ora bosen, ning nek bendino pacaran mesti cepet bosen.

Nyalimu imut-imut, wanine nyawang ning ra wani kenalan, sungguh ora sumbut.

Kenopo cinta tidak bisa dibeli? Yo mergane ora garansi. *uhuk

6 comments:

  1. Kata-katamu sungguh indah kang gentho, senajian koe cewek hayah mesti tak pacari

    ReplyDelete
  2. Kata-katamu sungguh indah kang gentho, senajian koe cewek hayah mesti tak pacari

    ReplyDelete

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...