Quote Gentho (seri 16)

Pengendara sing srobat-srobot dalane uwong ki ibarat nek mbribik rawan nikung kancane.

Pengendara sing nrabas lampu merah ki nek mbribik ibarat lagi kenal wes napsu nyamul.  

Pengendara sing munggah trotoar mergo dalane macet, ibarat nek mbribik ki pengen cepet oleh tapi carane licik.  

Selamat sore wahai korban2 penipuan avatar twitter :))

Ciri2 pacaran amatir: mengumbar kemesraan neng TL. :D  

Perhatian nek berlebihan ki suwe2 malah sok marai risi.  

Pemanasan we rung tau kok langsung pacaran, ha kesleo atimu!

Rasah wedi mbribik, pait2e paling yo ditolak to? Ha ditolak we kok wedi, wong yo kowe wes do kulino ditolak to? :))  

"Punya obeng ga?", waaah kui mbribik coro lawas! Nek wani ngomong ngene, "kamarmu dikancing jam piro?" *hus!  

"Kangen itu menyiksa", sejatine kui statement uwong2 sing ra jelas ngangeni sopo. Ha kangen we kok nyikso, berlebihan tho!  

Kaum pacaran sing ngece kaum jomblo ki uwong sing paling wagu. Ra sinau sejarah po piye? Ha dapuranmu ki mbiyen yo jomblo tho!  

Dipegat kok nangis, dipegat ki yo golek meneh thooo! Waaah jaaan ra paham2 kowe ki.

Nek mbribik ki sing sehat, rasah njuk ngelek-elek uwong sing wes disenengi karo bribikanmu, kui coro wagu lan ndeso!  

Mbribik nggowo kembang ki coro sing ora sehat. Coro sing sehat ki yo nggawakne sayuran lah, mosok ngono we ra dong!  

Rasah mempermasalahke koe sing megat atau koe sing dipegat, wong yo hasil akhire tetep podo wae adalah pegatan!  

Setia ki dudu kriteria pacar idaman, lha wong kabeh uwong standar kesetiaan e bedo2 je. Tekan semene paham ra??

image: google

5 comments:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...